|
|
|
|
|
Hoofdmenu
|
|
Seminar Internasional Basa Jawi Saking Bapak Duta Besar Suparmin Sunjoyo kula nampi serat ingkang kados makaten: Katur
dumateng Bapak Reinier Kromopawiro ing
Nederland Ndherek nepangaken, kula Suparmin Sunjoyo (Indonesia Ambassador to Suriname), pikantuk alamat/adres panjenengan saking Pak Johan Sarmo. Kula kintu
pengumuman (bekendmaking ?) bab
seminar internasional basa Jawi. Pengumuman punika kula kintu dhateng
sedaya Indonesian
Embassies ing ndonya, Konsulat Jenderal RI, Konsulat, Departemen Luar
Negeri RI, Departemen Dalam Negeri RI, Gubernur Jawa Tengah-Jawa Timur
lan Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY). Pengumuman
menika isinipun kirang-langkung makaten:
Indonesian
Embassy ing Paramaribo, Suriname sesarengan kalian Suriname-Indonesia
Friendship Association (SIFA) badhe ngleksanaaken seminar internasional
ngrembag basa Jawi ing Indonesian
Embassy Paramaribo, Suriname dinten Setu lan Minggu tanggal 28-29 Mei
2005. Seminar
dipun wontenaken kanthi dhasar: 1.Pasal
32 ayat 2 Undhang-undhang Dhasar 1945 Indonesia ingkang sampun
dipun amandhemen (amended) kaping I ngantos kaping IV:Negari
ngormati lan ngrumpaka basa dhaerah ingkang mujudaden kasugihaning
budhaya nasional 2.Nanggapi
kekajengan ingkang kiat saking masyarakat
Suriname keturunan Jawi kangge memetri/nguri-uri/ngleluri basa, seni-budhaya lan tradisi Jawi ing tengahing ombak globalisasi. 3.Kawicaksananing
(the policy/beleid) Pamarentah Suriname magepokan kalian basa,
dene, sinaosa sampun netepaken
bilih basa Landi sampun dados basa nasional, ananging tetep
ngayomi basa-basa multi etnis ingkang gesang ing Suriname. (Cathetan:
ingkang paling kiat/dominan basa-basa: taki-taki, lajeng Hindhi, Jawi/Jawa lan Chinten, lsp.). Ingkang
saged tumut seminar internasional: 1.Paper presenter/ingkang ngajengaken paper, inggih menika: para ahli basa Jawi, ofisiel, akademisi, ingkang magepokan kalian nguri-uri murih lestarining basa Jawi. 2.Peserta (participats) biasa (ingkang tumut seminar nanging sanes paper presenter) kadosta: para priyantun ingkang ngginaaken basa Jawi, observers lan sinten kemawon ingkang remen kalian basa Jawi Thema
Seminar: Nguri-uri,
nglestantunaken basa, seni-budhaya lan tradisi Jawi ing tengahing ombak
globalisasi.
Ragad/bab
finasial, akomodasi: 1.Kagem
peserta saking luar negeri/manca negari (ing saknjawinipun Suriname), Panitia
Penyelenggara/Organizing Committee mbiyantu transport lokal lan akomodasi sakwontenipun. 2.Ragad kangge rawuh ing Suriname lan wangsulipun dipun tanggel piyambak (dipun bayar piyambak-piyambak). 3.Peserta biasa ( ingkang tumut seminar nanging sanes paper presenter), inggih menika: Ingkang ngginaaken basa Jawi, observer lan sinten kemawon ingkang remen kalian basa Jawi. 4.Namung
kagem peserta seminar internasional ingkang dados paper presenter, Panitia Penyelenggara
(Organizing Committee) nyediaaken honorarium sakmurwatipun (a modest
sum of money for honorarium) Alamat/adres
lan wekdal seminar: Seminar dipun leksanaaken ing Ruang Pancasila, Indonesian Embassy, Van Brussellaan No. 3, Paramaribo, Suriname. Seminar dipun leksanaaken miwiti jam 9.00 enjang ing dinten Setu lan Minggu tanggal 28-29 Mei 2005. Basa ingkang dipun ginaaken: Basa kangge damel paper lan kangge presentasi seminar saged milih: basa Inggris (English), Indonesia utawi basa Jawi (Ngoko utawi krama). Registrasi
lan ngintu paper: Ingkang badhe tumut seminar saged ndaftaraken/register dhateng: Panitia Seminar Internasional Bahasa Jawa, Kedutaan Besar RI, Paramaribo Suriname via Fax utawi E-mail nginggil wau. Pendaftaran/registrasi seminar boten dipun suwun bayaran (gratis). Paper ingkang badhe dipun presentasi ing seminar kedah sampun dumugi ing Kedutaan Beasr RI Paramaribo, Suriname dinten Senen, 23 Mei 2005. Kula dipun cariosi dening Pak Johan Sarmo, bilih penjenengan kados-kados badhe rawuh ing seminra internasional ngrembag basa Jawi menika. Kados cekap ingkang saged kula aturaken ing wekdal menika. Kula sanget ngajeng-ajeng rawuh panjenengan ing seminar menika. Ngengeti Panitia Penyelenggara (Organizing Committee) boten gadhah biaya/ragad kathah, mbokbilih panjenengan saged mados sponsor saking Pamarentah Nederland saperlu kangge tumbas ticket pesawat (KLM) saking dalem panjenengan - Paramaribo wongsal-wangsul; biaya transport lokal lan akomodasi sakwontenipun mangke Indonesian Embassy ingkang nanggel (ingkang mbiyantu). Perlu panjenengan kawuningani bilih ngantos dinten menika, ingkang sampun badhe presentasi ing seminar sampun wonten 4 saking Suriname, 2 saking Jawi (Yogyakarta), kula ugi nengga peserta/participants saking New Caledonia lan sanes-sanesipun. Mbokmenawi/kados-kados seminar internasional ngrembag basa Jawi nembe kaping sepindhah menika badhe dipun wontenaken ing ndonya (menawi Kongres Basa Jawi ing Tanah Jawi/Indonesia sampun kaping 3, menika saben 5 tahun sepindhah, ingkang pungkasan dipun wontenaken ing Yogyakarta tahun 2001). Cekap
semanten rumiyin kabar saking kula.
Salajengipun kula sanget nengga jawaban saking Bapak.
Mugi-mugi
Bapak saged angrawuhi seminar
internasional menika. Matur
nuwun. Salam
saking kula, Suparmin Sunjoyo
|